aksara murda

Document Sample
aksara murda Powered By Docstoc
					AKSARA MURDA

1. Murda = sirah (Walanda = hoofd, Inggris = head)
Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital).
Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang
DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu
diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah
(kanthi abab sathithik)

2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu, yaiku : Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga,
Ba.

3. Saben aksara Murda ana pasangane.
Aksara Ca ora ana murdane , nanging pasangane ana , nanging saiki wis ora kanggo
Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo. Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca
121.

4. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena
dadi sesigeging wanda.
Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan
pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane , kayata :

Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat
Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama.

5. Saiki jaman demokrasi . Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe
kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan
liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep
dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane , ya aksara burine ; yen burine ora ana
murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :
Dipaprawira, Mas Sudarsana, Prawiramartaya, Raden Burham, Bu guru Nurratri, Raden Ajeng Kartini
Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha.


Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene : GusTi Allah


AKSARA SWARA

1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima, yaiku : A, I, E, O, U.

A – kara unine a.
I – kara unine i
E – kara unine e
O– kara unine o
U- kara unine u
Ananging aksara : Pa dicerek, dadi lelirune re, Nga dilelet, dadi lelirune le
Kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. Bab iku salaras
karo kawruh sangkalan, tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu.
Panganggone aksara swara pa cerek lan nga lelet
rega ,rena, resik, marem, aremarem, marem, sarem, karep, pambarep, sareng, wulan Rejeb, angsal
rejeki, katon regeng, sanget remen, dipun remet, damel rempeyek

gelem, pelem, lembut, lemah, adol lenga, pelem legi, boten lenggah


2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata :
Agustus, Ibrahim, Espres
Oktober, Usman, Inggris

3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara
sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara pa cerek dadine pasangan katulis jejer
karo aksara kang dipasangi; aksara swara nga lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang
dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.
Wulan April, Pak Idris, Pangkat Opsihter, malem Rebo, Mas Umarsaid,mangan lepet

4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.
5. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa
nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane
kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis


AKSARA REKAN

1. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku : kh, dz, f, z, gh
Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung
Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara
lumrah bae. Tuladhane kayata :
Khatib yen ora dicethakake katib
Dzikir yen ora dicethakake dikir
Faham yen ora dicethakake paham
Zakat yen ora dicethakake jakat
Ghoib yen ora dicethakake gaib

2. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene
yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak , cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan
wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane :
fitrah, farlu, dwifungsi, firman

3. kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan.
Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku.
Tuladhane :

sampun faham, saweg dzikir, zakat fitrah, sumerep ghaib.


ANGKA JAWA

1. Angka Jawa siji tekan sanga sarta das, wujude mangkene :
1 = aksara ga
2 = aksara nga dilelet
3 = aksara nga dipengkal
4 = aksara ma miring
5 = aksara ma kurung
6 = aksara E – kara
7 = aksara la
8 = aksara pa murda
9 = aksara ya
0 = bunderan (Indonesia : nol)

2. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa , supaya ora mbingungake , panulise kudu dipisah karo
aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat,
mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat. Tuladhane :
Sataun wonten :12: wulan.
sawulan punika :30: dinten.
Taun Masehi sapunika :2010
3. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi , ing saburine angka iku banjur tanpa
pada pangkat. Tuladhane :
Mangkate jam :7, mulihe jam :10
Putrane pak Guru :3, wayahe :8.
Murid SMP ing sekolahanku :294, wadone :106

KINANTHI

Dadia lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja sok sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.

(Wulangreh, PB IV)

Ing tembang Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. Satemene
tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira + tembung iku. Tembung-tembung
mau didadekake satembung, perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. Yen saupama ora
dibuwang wandane , bakal kaluwihan sawanda. Samono uga tembung lakunireki.
Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi.

Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu )

Tuladha liyane :

aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha + resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.

PADA LAN TETENGER LIYA-LIYANE

1. Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa, wujude lan jenenge kaya kang
kacetha ing ngisor iki :
a. pada luhur
b. Pada madya

c. pada andhap
d. purwapada
e. madyapada
f. wasanapada
g. Pada Guru (uger-uger)
h. Adeg-adeg (ada-ada)
i. pada pancak
j. Pada lingsa
k. Pada lungsi
l. pada pangkat

2. Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene :
a. Pada luhur , unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satatabasa
utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur (saka dhedhuwuran, penggedhe utawa wong tuwa).
b. Pada madya, unine uga “mangajapa” trape ana ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe
layang kang saka sapadha-padha.
c. Pada andhap, unine iya “mangajapa”, trape ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang
kang saka andhahan (utawa saka wong enom). Tuladhane:
d. Purwapada, unine “becik” trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan.
e. Madyapada, unine mandrawa, tegese “adoh, tangeh “, maksude isih adoh utawa isih tangeh
tamate buku utawa carita iku. Trape ing wekasane pupuh manawa arep ganti pupuh liya.
f. Wasana pada, unine “iti” tegese “tamat” trape ing wekasaning carita kang sinawung ing
tembang .
g. Guru utawa “uger-uger”, trape ing : sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa, dadi
sawise satatabasa utawa adangiyah.
h. Adeg-adeg utawa ada-ada, trape ing bebukaning ukara.
i. Pada pancak.
j. Panutuping wasanabasa ing layang kiriman.
k. Pada lingsa, gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang
pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa.
l. Pada lungsi, kanggone ana ing wekasaning ukara, dadi dienggo misah ukara. Manawa ing
wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada
siji.

3. Pada pangkat, gunane werna-werna.
a. Kanggo ngapit-apit angka Jawa
b. Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung / ukara kang ditirokake dening
pangripta.
c. Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung iku banjur
mratelakake bab utawa barang luwih saka loro.
d. Ing saburine tembung “mangkene”.
e. Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane , supaya gampang dingreteni
maksude.
f. Ing wekasaning gatraning tembang, Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake,
pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku.
D


UNINE SANDHANGAN WULU
(UNINE SWARA I)

Katrangan kanthi tuladha -tuladha aksara Jawa

PANJENENGAN KLIK ANA KENE !

1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan wulu aswara jejeg, kayata :
iki siji, ngati-ati, dadi kyai

2. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manwa sandhangan wulu dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :
Timba, pinten,kancing
Sing nyebal : ingkang
b. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun, kayata :
Cit, prit, crit

c. Wanda wekasan kang sigeg, banjur oleh panambang a, i, e, an, anipun, utawa en.Sing maune
nduweni swara miring bali jejeg maneh.
mancing ( i miring)
mancinga (i jejeg)
mancingi (i jejeg)
pancinge (i jejeg)
pancingan (i jejeg)
pancinganipun ( i jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :
ing, sing, ping, ting, pring, wit, sir,pir, tir.

b. Wanda wekasan :
Becik, keris,murid

c. Saliyane wanda wekasan , manawa sesigege dudu aksara irung, kayata :
Siswa, sulistya, suwignya


UNINE SANDHANGAN SUKU
( SWARA U )
1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan suku aswara jejeg, kayata :
Tuhu, wulu, lunyu,brutu

2. Tumrap ing wanda aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun , kayata :
Ut, wut, nyut, cur

b. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :
bumbung ,blumbang, cumplung, srundeng

c. Wanda wekasan kang banjur oleh panambang Kayata :
sabun ( u miring)
nyabuni (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunane ( u jejeg)
sabunanipun (u jejeg)
sabunen (u jejeg)
sinabunan ( u jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa sandhangan suku dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :
Mung , bung, bur, bun, pun, jun, tur
b. Wanda wekasan, kayata :
Sampun, mancur, nyamplung,nglumpruk*)

c. Saliyane wanda wekasan, manawa sesigege wanda iku dudu aksara irung, kayata :
Duksina, suksma, trustha, murni


UNINE SANDHANGAN TALING
(SWARA E )
1. Tumrap ing wanda menga aswara jejeg, manawa sandhangan taling iku dumunung ana ing :
a. Tembung mung sawanda :
He, le, taun je, taun be

b. Wanda wekasan, kayata :
Kate, sate, gule, pete

c. Purwane tembung 3 wanda, kayata :
Kewala, kemawon, rewanda, sewaka

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga legena, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa
suku , kayata :
Rene, dewa, kreta, pelo

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan
swara saliyane pepet utawa taling, kayata :
Keyok, eram, cebol

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing .
a. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang uga menga mawa sandhangan wulu utawa
suku, kayata :
Keri, beji, teji, cekli

b. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg lan mawa sandhangan pepet utawa
taling, kayata :
mesem , leren, kerem, gepeng

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan
swara, utawa mawa sandhangan swara liyane wulu utawa suku, kayata :
Endra, menda, tempe, endha

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara,
utawa mawa sandhangan wulu utawa taling tarung, kayata :
Kendhang, cemplang, enjing, bengkong

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda,kayata :
Heh, the, meh, jres

b. Sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu utawa suku, kayata :
Jengki, estu, estri, keksi

c. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling, kayata :
Kendel, kengser, pendeng, grenjeng

d. Wanda wekasan kang sigeg,kayata :
Dumeh, joged, godheg,bledheg


UNINE SANDHANGAN TALING TARUNG
( SWARA O )
1. Tumrap wanda menga aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
Ho, wo, so, lo

b. Wanda wekasan, kayata :
Sinyo, ngaso, bedho, rebo

c. Purwane tembung telung wanda, kayata :
Korawa, lodaya, buta locaya

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan
saliyane wulu utawa suku, kayata :
Krodha, semboja, bodho, ore

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan
saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
Nyonyah, kojur, komuk, kongas

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing :
a. Wanda ing sangareping wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu lan suku, kayata
:
Topi, mori, wolu, kolu

b. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling tarung,
kayata :
Coplok, krodhong, kopyor

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :
a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga lan mawa sandhangan
swara taling atawa taling tarung.
Kondhe, ngombe, blondho, conto

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasankang uga sigeg tanpa sandhangan
swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :
Plonthang, komplang, konthit, kondhe

c. Wanda wekasan kang sigeg banjur oleh panambang a , an , kayata :
cakot ( o miring)
nyakota( o jejeg )
cakotan ( o jejeg )

d. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg kang banjur oleh panambang a
rontog ( o miring)
rontoga ( o jejeg)
rontogan ( o jejeg )

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, yen dumunung ing :
a. Tembung mung sawanda, kayata :
Lor, dom, moh, loh, jlog

b. Wanda wekasan, kayata :
Adoh, babon, anjlog

c. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan
swara, kayata :
Amba, nangka, candra, randha
Ganda, langka, kandha, mangsa

Taling-tarung ing dhuwur iku lumrahe diarani TALING-TARUNG PALSU. Diarani mangkono,
jalaran yen tembunge rinaketan panambang apa bae, taling-tarung iku banjur ILANG ; kajaba
yen dipanambangi a. Tuladhane :
kancaku (kancamu, kancane, kancanipun, kancanira, kancaningsun )

d. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan
swara saliyane taling utawa taling tarung, kayata :
Jongki, kongsi, tongki

e. Wanda sigeg aksara irung sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan swara
pepet utawa taling-tarung , kayata :
Sonten, konten, lombok
Lonthong, gombyok, plonthos
Brongkos, kroncong, brondong

UNINE AKSARA LAN SANDHANGAN SWARA

Aksara lan sandhangan swara iku tumrap ing tembung siji karo sijine, unine ora mesthi padha .
Aksara ha ( a ) upamane, ana kang unine kanthi abab akeh, ana kang mawa abab manda-manda.
Aksara ka ( k ) kang dadi sesigeg , unine ana sing anteb lan ana kang ampang. Aksara legena,
ana kang unine jejeg, lan ana kang miring.

Kang njalari klira-kliru mangkono, jalaran wong kang nulis durung ngerti temenan marang
unine aksara legena kang dumunung ing siji-sijine tembung, lan durung lebda marang unining
siji-sijine sandhangan swara. Mulane perlu banget wong ngerti temenan marang unine aksara
legena lan unining siji-sijine sandhangan swara.

Jangkepe katrangan ing dhuwur (sing nganggo tulisan aksara Jawa ) iki
PANJENENGAN KLIK ANA KENE !


Katrangan :

Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asale :

Swara a tetep diunekake a. Tuladha : sapa, rana, kana, rasa.
Swara o tetep diunekake o Tuladha : bodho, loro, kono, jodho.
Swara u tetep diunekake u. Tuladha : buku, lugu, suku, buru.
Swara e tetep diunekake e. Tuladha : pepe, rene, kene, cere.

Swara miring yaiku swara sing owah saka asale .

Swara a owah dadi ā Tuladha : pāpān, pāngān, jārān, kāwāt.
Swara o owah dadi a. Tuladha : popok, bosok, bolong, gosong.
Swara u owah dadi o. Tuladha : sarung, karung, semut, bathuk.
Swara e owah dadi ѐ . Tuladha : bѐbѐk, pѐsѐk, lѐrѐn, mѐpѐt.


SANDHANGAN AKSARA JAWA (2)




Kang diarani sandhanganing aksara iku tetenger kang dienggo ngowahi utawa muwuhi unining
aksara utawa pasangan, yaiku :

Kanggo gegaran katrangan ing ngisor iki , PANJENENGAN KLIK ANA KENE !

1. SANDHANGAN SWARA
Sandhangan swara ana limang warna yaiku :
Wulu : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ I “
Tuladha : siji, pipi, bibi, mligi, driji, mili, bathi, sapi, lagi, mari, mati, tangi, janji, kanti,
Suku : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ U “
Tuladha : suru, buku, suku, tuku, turu, wulu, sangu, watu, bau, tamu, jamu, panu,
Taling : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ E “
Tuladha : rene, pepe, kere, lele, cere, bebek, kerek, pepet,menek, lemek,
Taling-tarung : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ O “
Tuladha : bojo, loro, bodho, kono, rono, mopo, kodhok, bosok, bolong, kosong, cocor, kolong
Pepet : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ Ě “
Tuladha : peteng, geneng, dhedhet, pejah, cecak, kebak, cekak, degan, cedhak, sengak.


2. SANDHANGAN WYANJANA

Sandhangan wyanjana ana telung warna yaiku :
Cakra : minangka sesulihe panjing ra .
Tuladha : putra, cakra, patra, sigra, mrana, brana, krupuk, mrucut, srutu, grenjeng, kranjang,
granggang
Keret : minangka sesulihe panjing ra lan pepet .
Tuladha : kreteg, trenyuh, prenthul, prenjak, grendul, tentrem, krembangan, trebang, trebis,
Pengkal : minangka sesulih panjingan ya
Tuladha : kyai, ambyah, ambyur, kepyur, sempyok, gepyok, gobyog, tyas, setya, gebyagan,
gapyuk.

3. SANDHANGAN PANYIGEG

Sandhangan panyigeg ana telung warna , yaiku :
Wignyan : minangka lelirune sigeg “h”.
Tuladha : gagah, wegah, papah, weruh, bakuh, saguh, lungguh, pecah, bocah, kolah, mothah,
bubrah.
Layar : minangka lelirune sigeg “r” .
Tuladha : pasar, bubar, tukar, pasir, menir, beber, kether, janger, bobor, awor, ngalor, gogor,
muter.
Cecak : minangka lelirune sigeg “ng”
Tuladha : pasang, kapang, jagang, palang, pulung, putung, kurung, kobong, gosong, momong.

4. SANDHANGAN PANGKON (PATEN )

Sandhangan pangkon utawa paten, gunane kanggo mratelakake yen aksara kang dipangku iku
dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepe.
Kajaba iku, sandhangan pangkon uga dadi sesulihe pada lingsa (koma).
Manawa diwuwuhi pada siji (lingsa), dadi lelirune pada lungsi (titik ).


PANGRIMBAGE TEMBUNG NGOKO DADI TEMBUNG KRAMA

1. Vokal “A “ ing wanda wekasan dadi “I”

agama = agami
jaga = jagi
jawa = jawi

kuwawa = kuwawi
manawa = manawi
muga = ugi
swarga = swargi
tangga = tanggi
tuna = tuni
uga = ugi
upama = upami
utama = utami
warna = warni

Katrangan : Tembung “swarga “ dikramakake “swargi “ yen ateges “jenat”.
Tuladha : Swargi Dr Sutomo ageng sanget lelabetanipun dhateng nusa lan bangsa.

2. Vokal “U” ing wanda wekasan dadi “A” lan yen sangarepe wanda wekasan uga mawa vocal
“U” , vocal iku dadi “E”

buruh = berah
butuh = betah
etung = etang
ingu = ingah




kepung = kepang

kukuh = kekah
lembut = lembat
lemu = lema
lungguh = lenggah
luput = lepat
mungsuh = mengsah
rembug = rembag
rusuh = resah
suguh = segah
surup = serap
tempuh = tempah
wutuh = wetah
wuwuh = wewah

Katrangan :Tembung “lenggah” lumrahe dianggep krama inggil, tembung “lungguh” ngoko,
dene “linggih” Krama Ngoko.

3. Yen wanda wekasan mawa vocal “A” lan wanda burine mawa “U” , vocal “A” ing wanda
wekasan ajeg “A” , vocal “U” ing sangarepe wanda wekasan dadi “I”.

bubrah = bibrah
budhal = bidhal
bukak = bikak
bungah = bingah
kulak = kilak




kurang =kirang
kuwat = kiyat
lumrah = limrah
mundhak = mindhak
murah = mirah
rusak = risak
susah = sisah
unggah = inggah

4. Ana tembung ngoko sing dikramakake sarana kaganti aksarane “O” sing dumunung ing
wandane wekasan lan / utawa ing sangarepe wanda wekasan dadi “E”

anggo = angge
angon = angen
elor = eler
enggon = enggen
enom = enem
kongkon = kengken
kulon = kilen
obah = ebah
omah-omah = emah-emah
opah = epah
owah = ewah
somah = semah
takon = taken


5. Wanda wekasan “DA, DI, TA, TI, SA, utwa JI” dadi “OS”

aji = aos
carita = cariyos
dadi = dados
ganti = gantos
gati = gatos

jati = jatos


kadi = kados
kuwasa = kuwaos
ngati-ati = ngatos-atos
prada = praos
rasa = raos
rekasa = rekaos
supadi = supados
wadi = wados
waspada = waspaos
yekti = yektos

Pati = patos , panganggone : Seratanipun boten patos sae. Anggenipun tilem kepatos.
Pati = pejah, panganggone : toh pejah, raja pejah, pejah gesang.


6. Wanda wekasan “RU, REP, JU, YA, utawa YU” dadi “JENG”

arep = ajeng
buru = bujeng
guyu = gujeng
karep = kajeng
kayu = kajeng
laju = lajeng
maju = majeng
pambarep = pambajeng
payu = pajeng
pitaya = pitajeng
playu = plajeng
R. Ayu = R Ajeng
rahayu = rahajeng

7. Tembung ngoko sing wanda wekasan “ RA, RANG, RAM” dadi “WIS”.

antara = antawis
anyang = awis
arang = awis
karang = kawis
katara = katawis
larang = awis
mataram = matawis
prakara = prakawis
semarang = semawis
watara = watawis

8. Tembung ngoko sing nduweni wanda wekasan “WUH, BU, BUH, BUNG” diganti “BET
utawa WET”

ambu = ambet
ewuh = ewed
imbu =imbet
imbuh = imbet
lumebu = lumebet
sambung = sambet

9. Sing nduweni vocal pungkasan “I, U, E” ana sing diganti “EN”

sepi = sepen
ngaku = ngaken
….. - ake = ….. aken

10. Ana sing nduweni pungkasan “AN, IN, EN, IR” diganti “OS”
batin = batos
ketan = ketos
krasan = kraos
kuwatir = kuwatos
penjalin = penjatos
prihatin = prihatos
tlaten = tlatos

11. Sing nduweni wanda wekasan “NA, RA, RE, RI, LI” ana sing diganti “TEN”

dina = dinten
kori = konten
mori = monten
nuli = nunten
rina = rinten
sagara = saganten
samana = samanten
sore = sonten
12. Sing nduweni wanda wekasan “RI, akeh sing diganti “TUN”

kari = kantun
lemari = lemantun
lestari = lestantun
mari = mantun
nagasari = nagasantun
pari = pantun

13. Sing nduweni wanda wekasan “LI” ana sing diganti “SUL”

bali = wangsul
kendhali = kendhangsul
kuwali = kuwangsul
tali = tangsul

14. Sing nduweni pungkasan “DU, DO” ana sing diganti “BEN”

adu = aben
padu = paben
paido = paiben

15. wanda wekasan “LANG” dadi “MBENG” utawa “CAL”.

kalang = kambeng
kalangan = kambengan
palang =pambeng
ilang = ical
walulang = wacucal

16. Ana tembung sing apurwa “W” utawa “B” dadi “S”.

banget = sanget
banter = santer
bareng = sareng
waras = saras

17. Ana sing dadine tembung krama sarana ditambahi “PUN”
apa = punapa
endi = pundi
ika = punika

18. Ana sing ora ana pathokane , kayata :

abang = abrit
bengawan = benawi
cedhak = celak
cendhak = celak
eling = enget
endhek =andhap
gampang = gampil
ijo = ijem
isih = taksih
jamu = jampi
jeruk = jeram
katon = katingal
kirim = kintun
maneh = malih
priyayi = priyantun
rata = radin
salin = santun
sawah = sabin
sega = sekul
sikil = suku
sungu = singat
suruh = sedhah
trasi = traos

Lan liya-liyane

				
DOCUMENT INFO
Shared By:
Categories:
Stats:
views:769
posted:6/6/2011
language:
pages:15