wedhatama

Reviews
Shared by: agung paijo paijo
Categories
Tags
Stats
views:
132
rating:
not rated
reviews:
0
posted:
11/21/2008
language:
pages:
0
SERAT WEDHATAMA Tripama (Dandanggula) Yogyanira kang para prajurit Lamun bisa sira anuladha Duk ing uni caritané Andelira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati Aran patih Suwanda Lelabuhanipun Kang ginelung tri prakara Guna kaya purun ingkang dèn antepi Nuhoni trah utama (1) Alangkah baiknya para prajurit, bila kalian biasa mengambil tauladan kisah jaman dahulu. Andalan Sang Prabu Sasrabahu di Maespati, Bernama Patih Suwanda. Jasanya mencakup tiga hal. Dalam melaksanakan tugasnya menjalankan perintah rajanya. (1) Lirè lelabuhan tri prakawis Guna bisa saniskaréng akarya Binudi daja unggulé Kaya sayektinipun Duk bantu prang Manggada nagri Amboyong putri dhomas Katur ratunipun Puruné sampun tetéla Aprang tanding lan ditya Ngalengka nagri Suwanda mati ngrana (2) Jasanya yang mencakup tiga hal itu, melaksakan tugasnya dengan baik, ,berjuang untuk menang, sebagaimana halnya ketika membantu dalam perang dengan Negara Manggada. Memboyong 800 orang putri, dipersembahkan kepada rajanya. 1 Pengorbanannya sudah nyata. Dalam perang tanding dengan raksasa dari Negara Alengka Suwanda gugur di medan laga. (2) Wonten malih tuladhan prayogi Satriya gung nagari Ngalengka Sang Kumbakarna arané Tur iku warna diyu Suprandené nggayuh utami Duk wiwit prang Ngalengka Dénya darbé atur Mring raka amrih raharja Dasamuka tan kéguh ing atur yekti Déné mungsuh wanara (3) Ada lagi yang layak dijadikan teladan. Satria agung dari Negara Alengka yang bernama Kumbakarna. Walaupun seorang raksasa, ia berusaha melaksanakan keutamaan. Pada saat dimulainya perang di Alengka, ia menyampaikan saran kepada kakandanya (untuk menghindari perang) demi keselamatan. Dasamuka tidak menggubris sarannya karena musuhnya hanyalah bangsa kera. (3) Kumbakarna kinèn mangsah jurit Mring kang raka sira tan nglenggana Nglungguhi kasatriyané Ing tekad datan sujud Amung cipta mring yayah rena Myang leluhuripun Wus mukti anèng Ngalengka Mangké arsa rinusak ing bala kapi Pun ugi mati ngrana (4) Kumbakarna diperintahkan maju perang oleh kakandanya dan ia tidak menolak, sebagai seorang ksatria, walaupun dalam hati tidak menyetujui. Hanya niat berbakti kepada orangtua dan leluhurnya. Alengka yang sudah jaya saat itu akan dirusak oleh bangsa kera. Ia pun gugur di medan laga. (4) 2 Wonten malih kinarya palupi Suryaputra Narpati Ngawangga Lan Pandawa tur kadangé Lan yayah tunggil ibu Suwita mring Sang Kurupati Anèng nagari Ngastina. Kinarya gul-agul. Manggala golonganing prang. Bratayuda ingadegken Sénapati Ngalaga ing kurawa. (5) Ada lagi yang dapat dijadikan tauladan. Suryaputra (putra Surya) Adipati Awangga. Yang juga adalah saudara Pandawa, saudara seibu. Mengabdi kepada Sang Kurupati, Raja Negara Astina, dan dijadikan andalan, pemimpin di medan perang. Dalam Baratayuda dinobatkan sebagai Senapati Perang oleh Kurawa. (5) Dèn mungsuhken kadangé pribadi, Aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahé, Anggonira pikantuk, Marga dènya arsa males sih, Mring Sang Duryudana, Marmanta kalangkung, Dènya ngetog kasudiran, Aprang ramé Karna mati jinemparing, Sumbaga wiratama (6) Ia dihadapkan dengan saudaranya sendiri. Berperang dengan Sang Dananjaya (Harjuna) Sri Karna (Suryaputra) gembira hatinya, karena mendapat kesempatan membalas budi kepada Duryudana (Kurupati), sehingga tidak tanggung-tanggung ia mengerahkan segala kesaktiannya. Peperangan berlangsung seru, Karna gugur terkena anak panah Sebagai perwira utama. (6) Katri mangka sudarsanèng Jawi, Pantes sagung kang para prawira, Amirita sakadaré, 3 Ing lelabuhanipun, Aywa kongsi buang palupi, Menawa èsthinipun, Sanajan tékading buda, Tan pradeba budi panduming dumadi, Marsudèng kautaman (7) Sudah selayaknya para perwira. Pelajari sebaik-baiknya pengorbanan mereka. Jangan sampai mengabaikan keteladanannya. Karena sesungguhnya, tidak cukup hanya tekad yang kuat. Akhlak yang baik tidak boleh ditinggalkan alam mencapai keutamaan. (7) (Pupuh Pangkur) Mingkar mingkur ing angkara Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung Kang tumrap nèng tanah Jawa Agama ageming aji (1) Jinejer nèng Wédhatama Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Yèn tan mikani rasa Yekti sepi asepa lir sepah samun Samangsané pakumpulan Gonyak-ganyuk nglilingsemi (2) Gugu karsané priyangga Nora nganggo paparah lamun angling Lumuh ingaran balilu Uger guru aleman Nanging janma ingkang wus waspadèng semu Sinamun ing samudana Sasadon ingadu manis (3) Si Pengung nora nglegéwa Sangsayarda dènira cacariwis Ngandhar-andhar angendhukur Kandhane nora kaprah 4 Saya élok alangka longkangipun Si Wasis waskitha ngalah Ngalingi marang si Pingging (4) Mangkono ngèlmu kang nyata Sanyatané mung wèh reseping ati Bungah ingaranan cubluk Sukèng tyas yèn dèn-ina Nora kaya si Punggung anggung gumunggung Ugungan sadina-dina Aja mangkono wong urip (5) Uripé sapisan rusak Nora mulur nalaré ting saluwir Kadi to guwa kang sirung Sinerang ing maruta Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung Pindha padhané si Mudha Prandéné paksa kumaki (6) Kikisané mung sapala Palayuné ngendelken yayah wibi Bangkit tur bangsaning luhur Lah iya ingkang rama Balik sira sarawungan baé durung Mring atining tata-krama Gon-anggon agama suci (7) Socaning jiwangganira Jer katara lamun pocapan pasthi Lumuh kasor kudu unggul Sumengah sosongaran Yin mangkono kena ingaran katungkul Karem ing rah kaprawiran Nora énak iku kaki (8) Kekerané ngèlmu karang Kakarangan saking bangsaning gaib Iku borèh paminipun Tan rumasuk ing jasad Amung anèng sajabaning daging kulup Yin kapengkok pancabaya Ubayane balénjani (9) Marma ing sabisa-bisa Babasané muriha tyas basuki 5 Puruitaa kang patut Lan trap ing angganira Ana uga angger-ugering kaprabun Abon-aboning panembah Kang kambah ing siyang ratri (10) Iku kaki takokena Marang para sarjana kang martapi Mring tapaking tepa tulus Kawawa nahen hawa Wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu Tan pasthi nèng janma wreda Tuwin mudha sudra kaki (11) Sapantuk wahyuning Allah Gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit Bangkit mikat rah mangukut Kukutaning jiwangga Yèn mangkono kena sinebut wong sepuh Liring sepuh sepi hawa Awas roroning atunggil (12) Tan samar pamoring suksma Sinuk maya winahya ing asepi Sinimpen telenging kalbu Pambukané warana Tarlin saking liyep-layaping aluyut Pindha pesating supena Sumusup ing rasa jati (13) Sajatiné kang mangkana Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi Bali alaming asuwung Tan karem karaméyan Ingkang sipat wisésa winisésa wus Mulih mula-mulanira Mulane wong anom sami (14) 6

Related docs
LPK Hendy
Views: 35  |  Downloads: 0
premium docs
Other docs by agung paijo pa...
KEKAWIN ARJUNAWIWAHA bag1
Views: 420  |  Downloads: 5