CONTOH PIDATO PERPISAHAN JAWA
Document Sample


TANGGAP WACANA MEMPENI PEPISAHAN
MURID SAKING WAKIL KELAS SETUNGGAL KALIH
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kulo bekteni.
Raka kelas tiga ingkang kulo tresnani
Pudya puji pudyastuti katur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun
angkluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami.
Raka kelas tiga ingkang satuhu kulo bakteni.
Kulo minongko wakli keals kalih saha kelas setunggal, ngaturaken sagunging panguwun.
Dene raka kelas tiga sampun ikhlas maringi pitedah-pitedah saka bimbingan ingkang boten
naming sekedik paedahipun.
Raka kelas tiga ingkang kulo tersnani, kulo tansah ngaturaken sewu maturnuwun kalih
panjenengan sami ingkang sekedap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan nami sekolah
puniki.
Raka kelas tiga, mugi-mugi ingkang gadah angkah badhe nglajengaken wonten ing
pawiyatan sageda katampi lan ingkang badhe langsung nyambut damel sagedo enggal angsal
pendamelan ingkang trep kaliyan pangertosan ingkang sampun dipunangsu wonten ing
pawiyatan punika
Kulo cekapi atur panampi pamitan punika menawi wonten kiranging atur, kulo tansah
nyuwun agunging pengaksama
Waalaikumsalam Wr. Wb.
Nuwun
Related docs
Get documents about "