Docstoc

CeritaRakyat

Document Sample
CeritaRakyat Powered By Docstoc
					                              Dewi Rayungwulan

       Kawontenan abad ingkang sampun kepungkur, wonten ing sakiwa tengene Gunung
Muria ing sisih pojok kidul ngadek kadipaten. Wonten ing Jawa Tengah ing Kota Pati
Semarang. Asma Kadipaten menika Carangsoka. Daerah menika subur makmur. Warga
urip kanthi ayem tentrem. Tanah lan wilayah Carangsoka menika kawiwitan saking kali
juwana ngantos pesisir lor Jawa Tengah sisih etan.Ingkang anggadhahi tahta inggih
menika Raden Puspahandungjaya. Deweke adhipati ingkang arif lan wijaksana, sahingga
para warga sami tresna. Adhipati Puspahandungjaya anggadhahi garwa ingkang anggun,
setia lan tuhu sarta bekthi marang garwa, ingkang kasebat dadhos Sang Prameswari.
       Ing lumampahe pamerintahan Adipati Puspahandungjaya dipun dukung kalihan
para   punggawa    kadipaten Carangsoka. Sedhaya       padha   temen ngabekthi lan
tanggungjawab, disiplin ugi jujur. Para Punggawa Carangsoka inggih menika : Ki Ageng
singapadu ing Dusun Nguren dhados Patih ngerangkep jaksa, Raden Sukmayana dhados
yakuwi panguwosa wilayah Majasemi, Kembangjaya ing Bantengan Trangkil Dhados
ahli siasat perang ingkan dipun segani, Sondong Makerti ing Wedarijaksa inggih menika
prajurit ingkang ahli pencak, lan Singanyitra yakuwi prajurit kapilih ing Kadipaten
Carangsoka.Adipati Puspahandungjaya lan para Sang Prameswari padha seneng. Apa
maneh sawuse entuk kanugrahan momongan putri sing praupanipun ayu, ingkang dipun
asmani Dyah Ayu Dewi Rayungwulan. Dewi Rayungwulan umuripun sampun jangkep
remaja, peraupan ayu menika cemlorong, wicaranipun santun, ugi tumindhakipun sopan
sahingga andhadosi Buah Bibir warga ing Kadipaten Carangsoka, lan agawe guneman
para adipati sarta pangeran saking kadipaten –kadipaten tatanggi.Nalika Dewi
Rayungwulan sampun dewasa, para pangeran saking tatanggi kadipaten anggadhahi
kekarepan arep nyunting. Sedhaya phadha kepinging entuk wekdhal kangga minang.
Nanging amargi pengaruh sang Adipati Puspahandungjaya sing anggadhahi wibowa, ora
sembarang pangeran wanton anggone nembung. Kawicanten pangeran Josari putra
mbarep Adipati Yudapati saking kadipaten Paranggaruda.
       Kadorong rasa kang temen kangge minang Dewi Rayungwulan kangge
dipunjodhokake kaliyan Pangeran Josari, sang Adipati Yodapati ngutus patih singapati
kaliyan para demang mbentuk rombongan budal menyang Kadipaten Carangsoka ugi
mbetho emas, intan, dan sandang ingkan bagus supadhos tandha pinangan. Sedhaya
dipun trima kanti ramah lan luma dhening Adipati Puspahandungjaya. Para utusan krasa
seneng ing panampinipun ingkang tulus. Suwasana Kadipaten Carangsoka asri banget,
bila dipun bangdingke kaliyan suwasana ing Paranggaruda.Patih Singapati ngendhikan
punapa kahanane yakuwi pingin minang Dewi Rayungwulan ing badhe dijodokake
kaliyang pangeran Josari Putra mahkota Kadipaten Paranggaruda. Sepadhos adipati
tiyang ingkang bijaksana, pinangan ingkang saking Kadipaten Paranggaruda mboten
langsung dipun terima, namun keputusanipun wonten ing puitrinipun. Amargi ingkang
anggadhahi hak ingkang menehi jawaban inggih menika Dewi Ruyungwulan. Adipati
Puspahandungjaya nyumanggakake patih Singapati sarta tamu ingkang benten dipun
sumanggakake leren wonten ing panggenan ingkang sampun dipun sediayakake. Sang
Adipati njaluk wektu sedino sewengi kangge nemtukake kaputusan saking putri
menika.Dewi Rayungwulan ketingal mindher lan tegang. Dewekke bingung banget,
ketingal cetha banget saking peraupane. Dewi rayungwulan ora cepet nanggepi punapa
ingkang dipun karepake tiyang sepuh menika, amargi ing njerune ati sang Putri ora bisa
nerima pinanganipun. Dewi Rayungwulan ora andhuweni kekarepan kaliyan wong
lanang ingkang andhuweni laku kang ora becik. Miturut para Sumber ingkang saget
dipun percaya Pangeran Josari anggadhahi cacat fisik watak ingkang sombong ugi
congkak.
              GEDHANG BECICI ORA ENTUK DI PANGAN
     Ing Indonesia akeh jenise gedhang ana gedhang ambon, gedhang raja, gedhang
susu, gedhang kepok, gedhang klutuk, gedhang becici lan sakliyane. Gedhang klutuk
jarang di pangan amarga isine akeh, nanging gedhang becici pantang dipangan atas saran
Sunan Muria. Kisahepun saklajengepun. Putri Narayana yaiku istri Sunan Muria kang
lagi meteng. Putri Narayana pengen mangan daging kijang. Sunan Muria seneng amerga
puteri Narayana lagi meteng, nanging Sunan Muria bingung piye carane golek daging
kijang,
     Banjur Sunan Muria lan para santrine lunga marang hutan nggolek kijang, nanging
ing tengah perjalanan Sunan Muria lan santrine ketemu karo wong tuwa lanang sing lagi
nggolek kayu bakar, banjur pak tuwa ngandhani Sunan Muria yen hutan niki wanten sing
nduweni yaiku Ki Lokajaya. Banjur Sunan Muria lan pak tuwa mau lunga neng guo arep
nemoni Ki Lokajaya, nanging sakwisi tekan neng gua jebule neng gua orak ana sapa -
sapa. Banjur Sunan Muria semedi neng njero guo lan njaluk patunjuk karo sing gawe
urip.Orak suwe panjaluke Sunan Muria di ijabahi. Sunan Muria lan para santrine banjur
bali marang pesantren karo nggawa kijang. Tekan pesantren, putri Narayana saneng
banget weruh Sunan Muria lan para santrine bali karo nggawa kijang. Sahingga
ndadikake putri Narayana kepengen cepet-cepet mangan daging kijang.
     Banjur Sunan Muria ngengken santrine njaluk geni neng omahe pak tuwa kang
sakti. Santrine bali songko omahe pak tuwa orak nggawa geni malah nggawa gedhang
becici, sahingga ndanekake Sunan Muria nesu, banjur gedhang becici mau di banting
neng lemah, nanging orak suwe soko banthingane mau metu geni soko gedhang becici.
Banjur geni kuwi akhire di enggo masak daging kijang. Sakwise acara mangan-mangan
daging kijang mau, banjur Sunan Muria ngendhikan karo kabeh santrine “elingo para
santri lan anak putuku, aja nganti mangan gedhang becici, amarga gedhang becici rasane
orak enak. Ben wae gedhang kuwi nduweni kodrate dewe.”Banjur Sunan Muria lunga
neng gua arep nemoni Begawan Lokajaya arep ngaturake maturnuwun marang Begawan
Lakojaya, nanging Sunan Muria orak ketemu Begawan Lakojaya, amarga Begawan
Lakojaya wis Moksa. Sahingga orak ana wong kang ngerti neng endhi kuburane. Kanggo
ngaturaken maturnuwun, Sunan Muria nancepakake tongkat ing bekas pertapaan
Begawan Lokajaya. Kelak tongkat kuwi bisa urip dadi suket pring sing kabeh wong orak
bisa nggunakake,. Tongkat kuwi dadi cungkup (pelindung) kuburan kang di percaya
masyarakat dadi kuburane Begawan Lokajaya.

				
DOCUMENT INFO
Categories:
Tags:
Stats:
views:55
posted:2/8/2010
language:
pages:3