CERITA RAKYAT BAHASA JAWA

Document Sample
CERITA RAKYAT BAHASA JAWA Powered By Docstoc
					                                           01 Tumbal
Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.
Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH
MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up.
Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan.
Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki.
Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå
diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi.
Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
"Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís,"
mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
"Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr," sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
"Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp nggarap proyèk
iki," ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
"Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan.
"Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ninggal
kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?"
"Sêndikå Pak," ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah
sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku. Ibaraté Dhík
Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
"Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít
nyangkút dana síng ora sêthitík," ujaré Dhík Wakino.
"Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké
kantór iki," sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
"Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé kudu siap,"
sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
                              02 Tamu Kang Pungkasan
Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku
lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.
Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå
panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat.
Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå
kêpèpèt kahanan, biyåså... masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang
pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk
pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.
Åjå manèh aku sakkåncå síng múng duwé ijazah SMP tanpå nduwèni kêtrampilan, sanajan síng wís
duwé èmbèl-èmbèl gêlar sarjana waé akèh síng kêcêmplúng ing profèsi iki sanajan bédå kêlasé.
Ora kråså lúh têmètès ing pipiku, uríp kók múng kåyå ngéné, gèk súk kapan aku biså mêntas såkå
panggónan iki? Dhúh,... Gústi Allah paringånå pitudúh mêrgi íngkang lêrês lan pinanggihnå jodho
íngkang saé. Aku unjal ambêgan landhúng, gèk kåyå aku iki åpå ånå wóng lanang síng sudi mêngku?
Níng aku pêrcåyå yèn Gústi Allah iku ora saré, sakwijiníng dinå mêngko aku bakal kêtêmu jodhoku.
Dak élíng-élíng nasibé kåncå-kåncå sak profèsiku nyatané ugå ånå wóng lanang síng gêlêm ngêpèk
bojo. Mbak Éndah dipèk bojo sopír trêk lêngganané malah nyatané saiki biså uríp bagyå múlyå íng
ndéså. Dhík Hèsti ugå dipèk bojo wóng lanang sanajan múng dadi mbók ênóm anangíng kabèh
kêbutuhané biså dicukupi, Éndang kancaku sak kampúng ugå diwêngku wóng lanang sanajan wís rådå
sêpúh yuswané nangíng nyatané gêmati bangêt malah saiki diparingi putrå.
Bubar macak kåyå biyasané aku lungguhan íng têras omah, biyåså,... mancíng iwak alias nggodhå wóng
lanang síng kêpéngin awaké dikêpénakaké sanajan múng sêdhélå, syúkúr yèn gêlêm nginêp sêwêngi,
wah... mêsti bayaran síng dak tåmpå lumayan kanggo sangu mulíh mênyang ndéså.
"Mampír Mas,"... godhaku nalikå ånå sakwènèhíng pawóngan mlaku ijèn karo miling-miling nyawang
têras póndhókanku, dhèwèké mèsêm lan gêlêm mampír.
"Ngunjúk mênåpå Mas?" ujarku karo nggandhèng tangané dak jak lunggúh íng sandhíngku. Wóng
lanang mau manút waé.
"Biyasané wóng lanang iku sênêngané ngunjúk susu yå, kópi susu åpå coklat susu?" aku sansaya wani
nggodhå, lha wóng síng digodhå yå sansåyå sênêng atiné.
Yå kåyå mêngkéné pênggawéyanku sabên ndinå nglayani tamu síng gêlêm mampír íng kamarku.
Wêktu limang tahún uríp íng lokalisasi pancèn akèh bungah lan susahé, nangíng kêpénaké múng watês
bab kadonyan, bisa cukúp sandhang lan pangan ora nyambút gawé abót, nangíng rêkasané biså-biså
kêtularan pênyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhé masarakat, amargå dianggêp dadi sampah
masyarakat síng kudu disírnakaké. Aku isíh kèlingan nalikå lokalisasi iki didhémo warga masyarakat,
awakku nganti ndrêdhêg kawêdèn.
"Lho kók malah ngalamún?" ujaré wóng lanang síng dadi tamuku iku ngagètaké atiku.
"Ah, iyå yå bênêr ngêndikamu Mas, lha kêpriyé ora ngalamún, mbók mênåwå panjênêngan iku tamuku
íng papan kéné kang pungkasan amargå sésúk aku sak kåncå kudu lungå såkå papan iki."
"Ditêpungaké jênêngku Bagús sanajan rupaku ora bagús," mêngkono tamuku mau nêpúngaké.
"Sunthi jênêngku Mas," aku ganti sêmaúr. Priyayiné pancèn grapyak lan akèh gunêmé, lagi têtêpungan
kurang såkå limang mênít waé rasané wís biså akrab.
"Aku mréné pancèn golèk kênangan kang púngkasan såkå papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki
pancèn biså rêsík såkå tumindak maksiyat," mêngkono ujaré Mas Bagús. Sak jam luwíh aku lan Mas
Bagús ngóbról ngalór ngidúl, lan pungkasané Mas Bagús pamitan arêp mulíh mênyang omahé.
Dhèwèké ninggali dhuwít aku sing lumayan akèh lan njalúk jênêng lan alamat omahku síng sakbênêré.
                                           03 Dúrjånå
Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan,
akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan malíng
yå iku kantór-kantór pêmêrintahan.
Pak Sarmín katón anyêl amargå sêtêngah tahún kêpungkúr kantóré yå pêrnah disatróni malíng.
Sanadyan bapak kêpala íng kantóré ora paríng dukå marang dhèwèké, nangíng Pak Sarmín rumångså
isín. Åpå manèh dhèwèké kudu ngadhêpi pitakóné bapak-bapak såkå kêpulisian, síng sêmuné kåyå
nudhúh marang dhèwèké.
Pak Sarmín anggóné jågå malêm íng salah sawijiné kantór pêmêrintahan wís sawêtårå suwé, kurang
luwíh wís róng pulúh tahun. Mbók mênåwå umuré wís kêtuwan mênåwå ngajókaké dadi pêgawai
nêgêri, mulå dhèwèké wís mupús. Jågå malêm kanggoné dhèwèké ora nggolèki lêmbaran rupiah,
nangíng ngiras pantês kanggo tirakat, mêlèk wêngi, kanggo sêsiríh. Ora ånå liyå síng diprihatinaké,
didongakké sabên dinå yaiku anak lanang siji-sijiné, Parjo. Anak lanang síng didåmå-dåmå, digadhang-
gadhang lan digayúh mugå-mugå bisa mikúl dhuwúr mêndhêm jêro marang dhèwèké.
Parjo salah sawijiníng pêmudha kang gagah, dêdêg piadêgé éntúk, lan praupané ya ora pati nguciwani.
Mulå ora maido yèn duwé pêpinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmín sêmpat was-was, sawisé lulús
SMA, Parjo wís nyobå ndhaftar dadi pulisi kapíng pindho, nangíng gagal têrús, lan ora mangêrtèni åpå
síng nyêbabaké gagalé. Yèn ditakoni jaré kabèh ujiané yå biså nggarap, ujian fisik yå biså, mbók
mênåwå nasibé waé sing durúng apík.
Róng ndinå iki Pak Sarmín ora doyan mangan, amargå mikír pênjaluké anaké lanang. Anak lanang siji-
sijiné ora tau njalúk, njalúk pisan waé dhèwèké ora biså nuruti. Parjo pancèn arang nêmbúng njalúk
marang wóng tuwané, wís kulinå såkå cilík, kêpingín klambi waé ora bakal nêmbúng marang wóng
tuwané. Nèk ditukókné yå diênggo, nèk ora yå múng mênêng waé. Róng ndinå kêpungkúr Parjo
sêmpat ngómóng marang bapaké,
"Pak, pripún nèk kulå pênjênêngan pundhútké mótór, krédit mawón, mêngké kula tak ngojèk, hasilé
rak sagêd kanggé ngangsúr..., timbangané kulå nganggúr wóntên ndalêm, sak mênika padós
pêdamêlan nggíh angèl?!".
"Jo..., Jo... åpå kowé ki ra ngêrti, dinggo nyukupi butúh sabên dinané waé kangèlan, la kók dinggo tuku
móntór!, kowé kuwi nglindúr pó piyé?"
"Nggíh sampún....".

                                                 ***
                                             04. Gêlå
Asih unjal ambêgan barêng kumbahan síng pungkasan rampúng diucêk. Sabún buthêk tilas kumbahan
disuntak, diganti banyu rêsík kanggo mbilasi. Nêngah-nêngahi mbilasi, Asíh kèlingan wêlingé ragilé
mau ésok, sadurungé mangkat sêkolah.
"Aku gawèkna kolak yå, Mak," mêngkono panjaluké.
"Iyå," wangsulané Asíh cêkak.
Kèlingan panjaluké anaké kuwi, Asíh ora nêrúsaké anggóné mbilasi. Mumpúng isíh ésok gagé ngadêg
saprêlu blånjå kanggo gawé kolak. Ranti, ragilé kuwi, wiwít cilík angèl mangan. Awaké cilík. Tujuné kók
isíh gêlêm módót, dadi ora kalah dhuwúr karo sabarakané. Mulå Asíh kêrêp nuruti yèn Ranti njalúk
digawèkaké panganan.
"Arêp nyang êndi, Dhík?" Warsi, tangga pas kidulé, arúh-arúh.
"Têng nggéné Supi, Dhé War, blånjå," sauré Asíh tanpå mandhêg.
Wayah ngéné iki lagi sêpi-sêpiné swasånå. Mêrgå síng sêkolah lan kêrjå wís pådhå mangkat, síng ånå
ngomah iwut nandhangi pêgawéan omah. Asíh nyabrang. Dhèwèké kulinå nyidat dalan liwat kêbóné
Mbah Tiah sabên arêp blånjå nèng pracangané Supi. Lagi waé têkan sabrang dalan, Asíh diawé Sutar,
dudå tanggané síng taún-taún pungkasan iki wís katón ora sigrak. Jaréné kêna gêjala strok.
"Mandhêgå dhisík Yu Síh."
"Èntên nåpå, Mbah?" takóné Asíh.
"Nuning kayané arêp babaran, Tulúng sampéyan ingúk..."
Tanpå takón-takón manèh, Asíh mlaku rikat mlêbu omah. Tansåyå rikat barêng krungu tangisé bayi.
Íng salah sijiné kamar, Nuníng, ontang-antingé Sutar kuwi nggléthak ånå ambèn kanthi dlèwèran
kringêt lan êlúh. Íng sêlané sikíl ånå bayi abang gupak gêtíh síng nangís kêjêr.
"Gústi," sambaté Asíh mêruhi kahanan iku. Pådhå-pådhå wóng wadón síng wís ngrasakaké babaran,
Asíh bangêt trênyúh ndulu kahanan síng ånå ngarêpé. Bayi síng isíh jangkêp karo ari-ariné énggal
diupåkårå sabisa-bisané.
Asíh nolèh nalikå ånå wóng liya mlêbu kamar iku. Mbah Tiah.
"Andúm gawé nggíh, Mbah," ujaré Asíh. Wóng wadón tuwa iku tumandhang tanpå kakèhan ómóng.
Ora suwé såkå têkané Mbah Tiah, Munah lan Lastri têrús mårå, njúr iwut nggódhóg banyu. Lastri
kåndhå yèn wís kóngkónan ipéné supåyå ngaturi bidhan ugå njujuli Kandar, bojoné Nuníng. Asíh
ngopèni síng bubar babaran. Awaké Nuníng disékå banyu angêt nganti rêsík.
"Yu Síh ki lho olèhé dhókóh. Kåyå nyang anaké waé," kandhané Lastri síng ngréwangi Asíh, ngringkêsi
jarít-jarít rêgêt.
"Bèn ndang rêsík," múng kuwi síng mêtu såkå lambéné Asíh sinambi masang stagèn ing wêtêngé
Nuníng.
Kamångkå sêjatiné sênajan múng saklêpasan, nalika ngrêsiki gêtíh babaran iku Asíh kèlingan lêlakón
síng wís mungkúr. Wêktu Nuníng isíh duwé anak siji lan panguripané durúng rêkåså kåyå saiki. Kajåbå
omah síng wís tumåtå, Nuníng isíh duwé tinggalan dhuwít lan anggón-anggón cukúp såkå swargi ibuné.
Nuníng njúr bribík-bribík gawé pracangan.
Asíh isíh élíng nalikå dhèwèké mlaku rikat mênyang pracangané Nuníng saprêlu utang puyêr
sakbungkús síng diajab bisa nyudå lårå untu síng disandhang bojoné.
"Têlas, Dhé Síh puyêré," kandhané Nuníng.
Asíh têrús kóngkónan anaké tanggané supåyå nukókaké puyêr. Bocah síng dikóngkón kêlakón nggåwå
puyêr lan ómóng yèn tukuné nèng nggóné Nuníng. Asíh ora biså ngampêt nêsuné.
                                             05. Góróh...
Esúk iki aku sêdhih manèh. Saolé, aku kudu góróh manèh. Miturút pétúngku, iki laku góróhku síng kaping
sêwidak loro. Iyo, wís kaping 62 aku ngapusi wóng síng palíng dak trêsnani wiwít aku ngikrarké janji uríp
bêbrayan karo dhèwèké róng tahún kêpungkúr. Sopo manèh yèn dudu bojoku, Núrsita.
"Dhík, mêngko jam sêpulúh dhuwité dak kirimké. Saiki Mas durúng bisa mêtu såkå gêdhúng paméran buku",
kuwi alêsanku nalikå Núr télpon ésúk mau. Dhèwèké takón åpå aku wís biså kirim dhuwit kanggo biaya uríp
dhèwèké ing Bandúng. Dak akóni, nalikå kuwi atiku rêmúk tênan. Kamångkå mau bêngi aku ugå wis ngapusi
dhèwèké "Dík, Mas ånå duwít sêwidak èwu, sésúk bakal dak kirimké kanggo sliramu síng sèkêt èwu".
Édan! Aku tégå nggóróhi bojoku manèh. Kanthi ènthèng aku ngómóng "Síng sèkêt èwu kanggo sliramu!"
Kamångkå duwit kuwi babar blas ora ånå! Lha mbók sêkêthíp tå yèn aku duwé...
Aku élíng, yèn bar waé aku nggóróhi wóng síng wís róng taún uríp barêng, dhèwèké rúng tau-tauné góróh
marang awakku. Ya êmbúh, kênèng åpå anggêr dhèwèké takón, kanthi ènthèng aku ngétókké janji lan ngómóng
góróh. Saktêmêné ora ånå maksúd góróh, kêjåbå aku pancèn ora kêpéngín yèn dhèwèké kuciwå.

                                                     ***

Aku lan Núr dadi mantèn róng tahún kêpungkúr, sakwisé dhèwèké diwisudhå. Íng tahún sêpisanan sakwisé
mantènan kråså adhêm-ayêm. Ora ånå masalah abót síng dak adhêpi. Aku wís éntúk gawéyan ing kutha
Bêngawan iki, sanajan múng dadi guru téntór ing sakwijiníng lêmbaga bimbingan bêlajar. Déné Núr mapan ing
Bandúng, nêrúsaké coass-é kanggo nggayúh gêlar dhóktêr, síng sêmpat mandhêg karånå dhèwèké babaran.
Masalah têkå sakwisé pitúng sasi kêlairané anakku. Lêmbaga bimbingan bêlajar panggónanku ngupåyå
panguripan ngrampingaké staf pêngajaré. Lan aku klêbu téntór síng kudu mêtu, yèn ora gêlêm dipindhah
mênyang kantór cabang íng luar Jawa.
Aku bingúng lan atiku kråså kêlårå-lårå nalikå kêlingan Núr lan anakku síng saiki adóh saka papan panggónanku
iki, bangêt olèhé mbutúhaké duit kanggo biaya uríp. Anakku síng nêdhêng lucu-lucuné mêsthi butúh pangan lan
susu kang cukúp kanggo pêrtumbuhan badané. Biaya síng dibutuhké samsåyå gêdhé. Biaya kóntrakan omah íng
Bandúng, biaya mangan, nggaji pêmbantu síng njågå anakku nalikå Núr coass íng rumah sakít, duwít kanggo
tuku susu lan bubúr, lan biaya liya liyané nyêbabké sirahku krasa mumêt.

                                                     ***

Éwå sêmånå, aku rumångså móngkók bangêt marang bojoku kinasih. Tanpa kêndhat, dhèwèké mêsthi nglipúr
aku. "Sabar Mas, síng pêntíng Mas usaha, Insya Allah bakal ånå dalan kanggo luwar saka kahanan iki". Oh,
Núrsista...ora salah aku kêtêmu lan uríp bêbrayan karo sliramu, cah ayu...
Awan iki aku nampa manèh SMS såkå Núr síng numpang mlêbu íng hp-né kancaku jaga stand. "Pak Joko, Mas
Wawan wóntên? Badhé nyuwún pírså, mênapa artané sampún dikirím?" Maca SMS kuwi, ora krasa lúhku
tumètès. Aku ngêrti yèn dinå iki dhèwèké babar blas wís ora nyêkêl duwit. Mau bêngi Nur ugå ngómóng, yèn
bêrasé wís êntèk, susu kanggo anakku ugå wís êntèk wít wingi ésúk.
Sakíng sêdhihku lan karånå kêntèkan akal, kanthi ati abót aku mbalêsi SMS-é bojoku,"Dhík, sing gêdhé
pangapuramu yå, têkan wêktu iki Mas durúng biså kirim duwít karånå durúng nåmpå bayaran jågå stand. Siji-
sijiné dalan, sliramu nggadhèknå dhisík cincin kawiné awakké dhéwé...Mas janji, sésúk bakal dak têbús.."
Pêrih bangêt ati iki mbayangaké piyé anak lan bojoku síng saiki mêsthi lagi kêsusahan. Nangíng, kabèh dak
pasrah-sumarahké marang Gusti Allah. Aku pêrcaya marang firman Allah ing Al-Qur'an, "Sakwisé ruwêt rêntêng,
bakal ånå pêpadhang lan dalan kang gampang..."
                                            06. Darpo
Pikirané Darpo nglangut tanpå watês. Wóng lanang síng umurané udakårå patang puluhan tahún kuwi
kaya êntèk pêngarêp-arêpé. Åpå manèh wís têlúng tahún dhèwèké ora duwé gawéan síng mêsthi.
Mulå ora anèh mênåwå tånggå têparoné ugå kåncå cêdhaké ngarani dhèwèké manóngan.
Íng mångkå, dhèwèké duwé bojo lan anaké papat wiwít kêmragat. Éwå sêmånå bojoné kêpêkså dadi
burúh. Burúh åpå waé bakal dilakoni, såkå burúh umbah-umbah, burúh nyêtlikå lan burúh mómóngké
anaké tånggå.
Dumadakan angên-angêné mandhêg íng sawijiníng critå lawas, nalika Darpo isíh cilík. Nalikå bapaké
ndongèngké marang Darpo karo dikêlóni ånå ambèn.
"Nah, jaman édan kuwi síng édan dudu jamané Lé. Nangíng mênungsané síng édan. Édan ora amargå
owah pikiré, margå lårå turunan åpå déné margå sêbab liya síng diarani strès. Mula kowé mbésúk yén
wís anak-anak kåyå bapakmu iki. Síng élíng lan waspådå. Sak bêja-bêjané wóng lali isíh bêjå wóng kang
élíng lan waspådå," swarané bapaké Darpo têlúng pulúh loro tahún kêpungkúr kuwi katón cêthå tanpå
kêsaput angín.
Darpo múng mèsêm síng bangêt angèl ditêgêsi, åpå sak têmêné têgêsé èsêmé Darpo mau. "Yèn sak iki
akèh wóng pådhå mêndêm panguwåså, mêndêm båndhå. Malah ånå síng kåndhå uga akèh wóng
lanang pådhå mêndêm wédókan. Apa wóng mêndêm ugå klêbu wóng édan, síng ora klêbu maknå síng
têgêsé nêmahi jaman édan?" Darpo mèsêm manèh.
Darpo kèlingan kanca-kancané síng pådhå uríp mulya, duwé båndhå donyå kêcukupan, gawéan síng
mêsthi. Malah ånå síng dadi camat, bupati, sudagar suksès, guru, pulisi, têntara uga anggota DPRD.
Båkå siji Darpo kèlingan kancané nalikå isíh sêkolah dasar biyèn. Bocah sing umbêlên, sikilé tatu korèng
mblênyik ing dhêngkulé suwé mariné. Bórók sirahé nggåndå lêdhis gawé mukóké kancané. Durúng
manèh lårå kópók íng kupingé síng ndadèkké kanca-kancané wêgah amór lunggúh jèjèr nalikå íng
sêkolahan.
"Níng dhèwèké saiki kók biså dadi camat yå?" pangrasané Darpo sêmu maido. Malah kancané kuwi sak
iki arêp njago dadi bupati. Kabar kuwi santêr kêprungu pårå wargå lan tånggå têparoné Darpo. "Mósók
biså dhèwèké dadi bupati?" Darpo isíh ora pêrcåyå.
Tangané Darpo kêmlawé nyahút spidól gêdhé karo nulís jênêngé kancané, Paijo. Darpo kudu ngguyu
kêmêkêlên nalikå kèlingan jênêngé kancané mau. Marga Paijo dadi anggota DPRD. Kamångkå biyèn
sênêngané mêndêm, yèn bêngi kluyurané ånå ing lokalisasi Palanyahan sartå dhêmênané main cêki.
Níng yå ora gumún yèn sak iki dadi wóng síng kajèn margå dadi wakil rakyat síng jaré "têrhormat"
margå dipilíh rakyat supåyå biså mbiyantu lan mbélå rakyat kêsrakat. Nangíng åpå nyatané? Dhasar
Paijo têtêp waé Paijo, ora rumångså yèn dhèwèké biså dadi anggota DPRD margå dipilíh rakyat.
Njúr nyalahké såpå yèn kåyå ngono mau? Yèn nyatané Paijo ora biså dadi wakíl rakyat síng sak
têmêné. Mbók mênåwå salahé síng milíh, kênåpå wóng-wóng mau pådhå milíh Paijo? Mbúh!
Darpo såyå mumêt mikir lêlakón síng kêmliwêr ånå kiwå têngêné. Rêrêgan åpå-åpå wiwít mundhak,
rakyat såyå tambah kêsrakat. Pêngangguran såyå tambah. Wóng pintêr-pintêr síng pådhå lunggúh
kursi êmpúk pådhå lali karo janji-janjiné. Sambêr nggêlap karo sumpahé dhéwé.
                                            07. Guru
Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn,
mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya
kudu dadi guru.
"Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku
ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané Bapak.
Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng
aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi
guru kóntrak utåwå guru bantu.
Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké.
Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku
durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé?
Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé
sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr.
Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru
bantu nggawé paguyuban.
"Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå ånå åpå-
åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså,
månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama "mêngkono pêmbukané
kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban.
Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru
SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh
bakalé piyé durúng ngêrti..
Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru,
sanajan guru bantu.
Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab
pêngalaman dadi guru ora akèh.
"Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas
niku?" pitakónku.
"Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk
biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak," mêngkono wangsulané.
Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné
dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya
umur kur-kuran.
                                      08. Skètsa Klawu
Gawang-gawang katón pasuryané mitra-mitraku. Pucêt lan lêncu kåyå ora duwé gêtih. Ngêrêsing
lêlakón lan sêsanggan uríp ndadèkaké mitra-mitraku katrêm ing panandhang. Ora bédå karo aku,
malah kêpårå luwíh sêngsårå yèn katandhíng karo mitra-mitraku.
Aku múng biså turu salawasé uríp, tanpå duwé dåyå åpå-åpå. Súkmå síng sasuwéné iki katrêm ing
ragaku kåyå-kåyå kêpéngín oncat. Mbókmênawa sawijiníng wêktu mêngko aku ora bisa nyandhêt
anggóné arêp oncat ninggal ragaku. Awít aku kråså mênåwå sukmaku wís ora kuwagang manggón íng
raga ringkih iki.
"Åpå síng biså dåktindåkåké kånggo kowé dinå iki," Rêmbulan wís ånå sandhingku. Dhèwèké sisihanku.
Pasuryané katón résík, ayu lan manís bangêt. Aku kåyå-kåyå ora bósên yèn nyawang dhèwèké.
Kadhangkålå aku duwé panyakråbåwa mênåwå satêmêné dhèwèké wís bósên karo aku lan kahananku.
Nangíng katóné dhèwèké ora kêpéngín natóni pangrasaku.
"Ora ånå síng prêlu kótindakaké," wangsulanku.
"Kêpiyé kahananmu...., aku ngajab mugå sansåyå apík. Ngêrti ora, aku kêpéngín bêbarêngan lungå
mênyang pantai. Kirå-kirå biså åpå ora?"
Pitakóné Rêmbulan iki angèl bangêt dakwangsuli.
"Kêpiyé? Biså åpå ora?"
"Êmbúh...., aku ora ngêrti," wangsulanku bingúng.
"Mêsthi kåyå mangkono wangsulanmu," Rêmbulan katón kuciwa.
"Mbókmênåwå biså," têmbúngku alón.
"Tênan?" Mripaté sing éndah katón tansåyå blalak-blalak.
"Mbókmênåwå..."
"Ah..., ibå éndahé..., aku kêpéngín gawé patúng såkå wêdhi!" panyawangé nrawang adóh.
Gawang-gawang pasuryané mitra-mitraku ngéglå manèh. Åpå kirå-kirå síng pådhå ditindakaké wêktu
iki. Kèlingan lêlakóné salah sijiné mitraku, jênêngé Miskan. Miskan wís omah-omah lan wís duwé anak
siji. Sawisé nglairaké anaké, bojoné Miskan dadi lara-laranên, miturút dhóktêr, ginjêlé ora bisa lumaku
kanthi bêcík.
Déné anaké nandhang tumór ganas íng sirah. Kabar síng daktåmpå kèri-kèri iki, jaré Miskan wis ora
nyambút gawé, awít pérusahaan papané nyambút gawé bangkrút. Íng batin aku múng biså prihatin,
liyané prihatín aku ora biså åpå-åpå, awít kahananku síng ringkíh tanpå dåyå. Kadhangkålå aku ora
trimå karo kêrsané Gusti Allah, généyå aku ciniptå sarwå ringkíh?
"Hayo, ngalamún manèh! Iki dakgawakaké sênênganmu," Rêmbulan nyénggól tanganku karo
nuduhaké wóh apêl.
"Múng siji?"
"Siji waé kowé ora tau bisa ngêntékaké. Pisan iki kowé kudu biså ngêntékaké apêl iki". Tangané kang
alús wís ngranggèh ladíng síng ånå méjå lan kanthi trampíl ngóncèki wóh apêl.
                                      09. Angin Têlågå
Angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak.
Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún
dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng
tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt
têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan
ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså.
Kèlingan iku kabèh Súrjan nêlångså. Kênångåpå katrêsnan síng wís karoncé kanthi kêsabaran lan
katêguhan kudu rantas déníng kanyatan síng paít nyêthêg. Lamat-lamat wêwayangan lêlakón dukíng
uni mrêntúl manèh. Kèlingan iku prasasat kabêlèr landhêpíng wêlat, atiné Súrjan pêrih.
Sawusé ngipataké síh trêsnané Súrjan, Níngrúm, kênyå gêgantilaning atiné milíh Dibyå anaké lurah
kéné. Lan saiki mêsthiné biså uríp múlyå klawan juragan kayu síng cukúp suksès iku. Pancèné yå
ngono. Såpå gêlêm klawan Súrjan priyå síng dilaíraké såkå wóngtuwå mískín lan nganti saiki uripé ya
durúng nêmókaké owah-owahan. Isíh mlarat.
Rikålå nyawang kumlébaté manúk dårå síng nuli méncók íng pang randhu ngarêp omah iku. Atiné
Súrjan kumitír. Manúk dårå, ya manúk iku síng dadi wêwayangan kang bangêt nabêt ati. Ing têlågå síng
ora adóh saka omahé Níngrúm, sinêksèn sêpasang manúk dårå kang kêkibêran íng têlågå iku. Súrjan
nêlakaké råså trêsnané klawan Níngrúm. Tan kanyånå wóng wadón iku datan nolak apa kang
dikarêpaké Súrjan.
Wóng loro iku nuli kêkanthèn tangan sinambi ngurút dalan cilík síng ngêpúng têlågå. Prasasat Súrjan
kêpéngín pamèr marang dårå-dårå iku, kalamún dudu manúk-manúk iku waé síng biså kêkanthèn
klawan pasangané sinambi ngibêri akåså.
"Kowé ora bakal blénjani trêsna iki, Níng?" Súrjan katindhês råså wang-wang.
"Kang Súrjan ora susah sumêlang. Aku bakal sêtyå kåyå sêtyané têlågå iki síng nyranti têkané banyu íng
kapan waé," Níngrúm nanduki måwå têmbúng síng ngumbúlké atiné Súrjan.
Lan soré íng sawêtårå taún kêpungkúr iku saiki amúng dadi wêwayangan síng nêdhas íng dhådhå.
Jalaran ora gantalan suwé amúng têlúng sasi såkå kêdadéyan kuwi Níngrúm wis dadi darbèké Dibyå.
Tan kuwat ngampah kanyatan síng gawé tatuné ati, ora ånå pilihan liyå Súrjan kudu minggat. Nadyan
pilihan iku dudu ditóhi klawan nêgakaké wóngtuwané wadón síng wís uríp ijèn awit katinggal bapaké
kanggo salawasé.
Nganti saiki sawisé róng taún lumaku. Súrjan antúk kabar yèn mbóké lara nêmên. Lan iku síng dadi
alêsan Súrjan bali ing papan kêlairané iki, sawusé ngumbårå mêcaki ambané kuthå Jakarta.
Tan kinirå wêwayangan iku bali ngaléla manèh nalikå Súrjan jumangkah íng plataran. Kalawan
ngimpún katêguhan ati, dhèwèké agé jumangkah nuju íng èmpèran omah síng sêlót kêlêm íng umúr.
                                           10. Jodho
Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné,
kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal
sêsandhingan saklawasé urip.
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr,
sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp
nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau
gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané
Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå
KUA.
"Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas
Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!"
Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.
"Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang agêng nêmbé sékolah."
Prasasat ånå lindhu gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså
dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh layang såkå Martónó
iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng sak kandhang rainé kêluwargané Pak
Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-
ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé
gampang pêrcåyå ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané.
Ånå síng lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå ora sêthithik
kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila ngrumangsani yèn ora manút karo
wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah, têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo
mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå.
Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané. Prawan sak
umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp, kamångkå umuré durúng gênêp
patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. "Sêlak kiamat lho, kapan
anggónmu arêp ningkahan?"
Ånå síng nyêmóni liyå manèh "Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?"
Ugå ånå síng nyêmóni, "Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!"
Kabèh pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan nganti têkan
sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané
síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi
golèk pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang.
Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné Jammila. Ora pisan ora
pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak
têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi
sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs.
Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn
disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm
nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh
jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.

				
DOCUMENT INFO
Shared By:
Categories:
Stats:
views:2131
posted:2/16/2012
language:
pages:10
Description: CERITA RAKYAT BAHASA JAWA