Embed
Email

Arjuna Sasrabahu

Document Sample
Arjuna Sasrabahu
Shared by: adit faizah
Categories
Stats
views:
11
posted:
1/31/2012
language:
pages:
7
Arjuna Sasrabahu



1/31/2012

Arjuna Sasrabahu

Arjuna Sasrabahu iku salah siji paraga ing cerita wayang kang dadi raja Maespati.

Arjuna Sasrabahu uga nduweni jeneng liya,yaiku Arjunawijaya nalika isih enom. Ing cerita

pawayangan Arjuna Sasrabahu iku titisan saka Bathara Wisnu. Dheweke iku putra Prabu

Kartawirya utawa kang diarani Sasrawirya. Garwane kang pisannan jenenge Dewi

Citralangeni saka Tunjungpura, kang nomer loro jenenge Srinadi, putrine Begawan

Jumanten saka Pertapaan Giriretna. Saliyane, dheweke uga nduweni bojo kang caacahe

atusan. Ana uga kang dadi selire iku Dewi Citrawati saka nagara Magada. Citrawati iku

titisane Dewi Sri. Ana cerita kang nyebutake yen garwane Arjuna Sasrabahu cacahe 1000

kurang siji.[1]



Arjuna Sasrabahu nduweni patih kang arane Patih Suwanda utawa Bambang

Sumantri. Jeneng Arjuna Sasrabahu nalika isih enom yaiku Arjunawijaya. Jeneng liyane

yaiku Wingsatibahu, kang tegese nduweni sewu bahu. Jeneng iku aran saka wong kang

ngurmati kekuwatane Arjuna Sasrabahu.







Arjuna Sasrabahu Page 2

Jeneng Arjuna Sasrabahu iku gelar nalika dheweke dadi raja ing Maespati. Dheweke

entuk jeneng iku saka anggone nglakoni triwikrama, wujude malih dadi brahala seu, awake

gedhe, sirahe ana satus, tangane ana sewu lan kabeh nyekel senjata. Arjuna nglakoni

triwikrama nalika perang tandhing lawan Bambang Sumantri. Bambang Sumantri iku duta

kanggo sayembara sapa kang isa ngalahake Bambang Sumantri isa nikah karo Putri nagara

Magada, aarane Dewi Citrawati. Bambang Sumantri iku patih kang sekti mandra guna.

Dheweke wis ngalahake ewonan raja kang nduweni niyat arep dhaup karo Dewi Citrawati.

Bambang Sumantri uga nduweni tekad bakal ngabdi marang raja kang isa ngalahake

kasektene.



Arjuna Wijaya iku satriya titisan Bathara Wisnu. Dheweke iku raja kang disembah

dening para raja. Dheweke nduweni kasekten kang tanpa tandhing. Sanajan sekti

mandraguna dheweke kagolong raja kang ora seneng perang, lan ndiseke musyawarah

kanggo ngrampungi perkara. Mula saka iku akeh raja kang ngurmati dheweke. Arjuna uga

raja kang nduweni rupa bagus, rupane mirip karo Bathara Kamajaya.









Arjuna Sasrabahu Page 3

Nalika dheweke oleh wangsit saka Bathara Narada, yen Dewi Citrawati, putri saka

negara Magada kang nalika iku dadi putri kang gawe rebutan para raja saka sewu nagara

iku titisan Bathari Sri Widowati, dheweke bingung. Apa kudu ngalahake para raja-raja

kanggo isa ngentukake Dewi Citrawati lan nyelametake negara Magada. Dheweke kang

sekti mandra guna isa ngalahake kabeh raja, nanging iku ora dilakokake.



Saka akehe raja kang kepingin ngepek bojo Dewi Citrawati, Prabu Darmawisesa saka

nagara Widarba, iku salah siji raja kang paling diwedeni. Prabu Darmawisesa lan 75 raja

saka negara liya lan para prajurite wis siyap arep nyerang Magada kanggo ngentukake Dewi

Citrawati.



Nalika Prabu arjuna bingung, Bambang Sumantri madhep kanggo ngabdi ing negara

Maespati. Banjur Prabu Arjuna nampa Bambang Sumantri anggone ngabdi ing Maespati. Ing

kono Bambang Sumantri didaekake duta kanggo nglamar lan mboyong Dewi Citrawati.



Syarat iku ditampa dening Bambang Sumantri. Bambang Sumantri kasil isa ngalahake

Prabu Darmawisesa lan para sekutune. Banjur Dewi Citrawati diboyong menyang Maespati.









Arjuna Sasrabahu Page 4

Nanging sadurunge mlebu kutha Maespati, Bambang Sumantri ngajokake syarat

marang Prabu Arjuna Wijaya supaya mapak Dewi Citrawati ing wates kutha minangka

satriya, lan ngalahake Bambang Sumantri.



Perang gedhe antarane Arjuna lan Bambang Sumantri ing antarane gunung Salva lan

Malawa, ing sajabane kutha Maespati. Para brahmana lan pujangga nggambarake yen

perang antarane Prabu Arjuna Wijaya lan Bambang Sumantri iku perang kang paling agung

ing alam semesta. Perang iki luwih sangar tinimbang perang antarane Kumbakarna lan

Prabu Sugriwa kang direwangi dening Anoman lan kethek kang cacahe nganti yutanan,

utawa perang antanare Prabu Rama Wijaya mungsuh Prabu Rahwana ing Alengka.Perang

iku uga luwih sangar tinimbang perange Arjuna mungsuh Adipati Karna utawa perange Resi

Bisma mungsuh Resi Seta, utawa perange Bima mungsuh Duryudana ing Perang

Baratayuda.



Perang tandhing antarane Prabu Arjuna Wijaya mungsuh Bambang Sumantri uga

katon agung lan endah. Wong loro iku nganggo klambi perang kang gagah. Wong loro iku

padha nyekel gandewa perang jangkepkaro busur kang sekti. Wujude padha kabeh, mung







Arjuna Sasrabahu Page 5

beda werna slempang. Slempang gandewa prabu arjuna wernane abang, lan slempang

gandewa Bambang Sumantri wernane kuning gadhing. Wong loro iku padha numpak kereta

kang digeret jaran cacahe papat. Prabu Arjuna Wijaya numpak keretane Bathara Wisnu

kang sengaja disengaja ditekake saka Kahyangan Untarasegara, kang digeret jaran ireng

lan putih. Dene Bambang Sumantri numpak keretane Prabu Citragada, kang digeret jaran

papat wulune werna abang lan putih ing sikile. Biyen kereta iki duweke Bathara Indra

diwenehake Prabu Citradarma, raja nagara Magada.



Kereta kang digunakake dening wong loro iku padha sektine, padha apik lan endahe.

Bedane mung ana ing panji utawa gendera perange. Gendera perange Prabu Arjuna Wijaya

wernane kuning rada emas lan ana lambange manuk garuda, lan genderane Bambang

Sumantri wernane putih lan ana gambare ula naga kanthi mbukak cangkeme. Wong loro iku

banjur adhep-adhepan, kayadene Bathara Asmara lan Bathara Candra.



Perange Prabu Arjuna Wijaya musuh Bambang Sumantri akeh kang ndeleng. Perange

wong loro iku ana ing panggon kang amba, ing antarane gunung Salva lan Malawa. Dideleng

dening Dewi Citrawati, wong wadon titisane Bathari Sri Widowati lan 800 putri dhomas,







Arjuna Sasrabahu Page 6

ewonan dhayang, luwih saka sewu raja lan permaisurine, jangkep karo patih lan hulubalang

krajaan, lan warga Maespati, luwih saka sayuta prajurit saka sewu negaralan dideleng

dening para dewa lan kang dipimpin Bathara Narada lan Bathf ara Indra kang sengaja

mudhun saka Kahyangan Jonggring Saloka lan Kahyangan Ekacakra.



Pungkasane perang iku gawe wong kabeh ngerti yen Arjuna Sasrabahu iku jelmaane

Bathara Wisnu. Dheweke banjur dikenal minangka raja kang sekti mandraguna. Para raja

kang sadurunge padha wani lan dadi musuhe Arjuna Sasrabahu, wiwit iku gelem manut lan

ngabdi marang Prabu Arjuna Sasrabahu.



Nalika Prabu Arjuna Sasrabahu dadi raja lan patihe Suwanda, Maespati dadi negara

kang adikuwasa lan isa nguwasani 2/3 jagad. Sanajan kaya mengkono Prabu Arjuna

Sasrabahu tetep mrentah supaya adil. Arjuna Sasrabahu iku raja kang seneng tentrem, lan

nduweni unen-unen Sugih tanpa banda, nglurug tanpa bala, menang tanpa angasorake.









Arjuna Sasrabahu Page 7


Related docs
Other docs by adit faizah
10 Sikap Wanita Yang Disukai Oleh Pria
Views: 28  |  Downloads: 1
GELOMBANG ELEKTROMAGNETIK
Views: 150  |  Downloads: 3
tips & triks
Views: 77  |  Downloads: 0
ilmu pengetahuan islam
Views: 53  |  Downloads: 2
CERITA RAKYAT BAHASA JAWA
Views: 299  |  Downloads: 1
Baturraden
Views: 21  |  Downloads: 0
sejarah komputer
Views: 30  |  Downloads: 0
Tari Nusantara
Views: 620  |  Downloads: 5
Presentation
Views: 84  |  Downloads: 0
cerita
Views: 28  |  Downloads: 0