Ketaman Asmara Didi Kempot
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sang saya nelangsa
Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu
Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Prasasat ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati