Docstoc

Materi-Bahasa-Jawa-Kelas-4-SD

Document Sample
Materi-Bahasa-Jawa-Kelas-4-SD Powered By Docstoc
					                                                   Materi Bahasa Jawa Kelas 4 SD

                                         Tembang
   1. MICARA (GUNEMAN)

Kompetensi Dasar : Mraktekaken drama cekak lan peranganipun drama ingkang trep kaliyan lare

Indikator:

   1. 1.        Ngucapaken pacelathon ngantos jelas lan lancar
   2. 2.        Nyimpulaken watak tokoh
   3. 3.        Mraktekaken tokoh trep kaliyan watakipun

Tuladha :

Nalika bocah lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.

Adi      :’’He, karepe piye iki? kelas wis disapu ko diregeti maneh?’’

Ani      :’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’

Adi      :’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing

ngregeti.’’

Ani      :’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis

bar!’’

Adi      :’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa

sing didukani?’’

(Dumadaken Bu Guru rawuh)

Bu Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’

Ani      :’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih.

Kamangka Adi piketipun.’’

Bu Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang

regedan ing papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing
piket.Nah, saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan

banjur age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing

papanne.’’

Adi    :’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’

Bu guru:’’Ya wis, saiki diterusake pelajarane.’’

Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang
langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

   1. MAOS

Kompetensi Dasar : Maos kanthi paham

Indikator:

   1. 1.      Mangsuli pitakonan wacan
   2. 2.      Nyimpulaken surasa wacan
   3. 3.      Nyariosaken maneh surasa wacan

Tuladha :

Antasena Takon Bapak

Raden Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu, ibune
lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem ing sungapane
tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar nggulawentah, isih ana rasa
sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake.

‘’Antasena dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda
karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.

‘’Sakpunika Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.

‘’raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu kudu
enggal mrana.’’

Antasena banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu
Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.

Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan
arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka kaca)
saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana Negara Dhasar
samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke menehi petulungan.wong
lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang
Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen
Antasena iku putrane Werkudara. werkudara gelem nampa.

Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur
ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning paprangan.

Katrangan tembung:

Mikul           : nyekel (menangkap)       Sungapan     : muara

Tumbal         : kurban                     Ngrabasa      : nyerang

Keplepeg       : ora bisa ambekan

Ngangseg      : ndheseg,nggesuk (mendesak)

      1. NYEMAK

Kompetensi Dasar: mirengaken pesen langsung utawi ngagem telepon

Indikator:

      1. Nyatet isi pokok pesenipun
      2. Ngaturaken pesen ingkang dipuntampi kanthi langsung kaliyan mboten langsung ngagem
         basanipun piyambak

Tuladha :

Mirengake pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!

Pak Rudi       : ’’Halo!sugeng enjang.’’

Edi             : ’’Sugeng enjang’’

Pak Rudi       : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’

Edi             : ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’

Pak rudi       : ’’Pak Rudi,punapa saged matur kaliyan Pak agus?’’

Edi             : ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa

pak?’’
Pak Rudi      : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon mbenjang dinten senen

tanggal 7 Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng

Puskesmas Kertasana saperlu nampi pengarahan

penyemprotan nyamuk demam berdarah.’’

Edi            : ’’Senen nggih pak?’’

Pak Rudi      : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang Bapak. Maturnuwun

Mas.’’

Edi            : ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’

Saking pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang
langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa ngoko.

      1. NYERAT

Kompetensi Dasar : Nyetrat kanthi leres

Indikator:

      1. Njangkepi karangan kang during rampung
      2. Nyusun cengkorongan karangan kang sampun wonten ing ragam tulis
      3. Nyerat aksara lan angka jawi kanthi leres

Tuladha :

Karangan sing during rampung iki rampungna !

Kanugrahaning Gusti sing paling gedhe yaiku…(1) Kanggo mujudake awak kang sehat bisa
kanthi cara njaga…(2) Karesikan iku bisa karesikaning (3)…(4)…,(5)…

Yen kahanan kaya mengkono iku wis…(6) ora aneh yen kabeh…(7) bisa ngrajakake urip
kang…(8) Mula ayo padha ningkatake anggone njaga…(9) supaya…(10)

Gawekna karangan kanthi cengkorongan ing ngisor iki !

Pak Sumina susah. Kaluwargane pak Sumina lagi padha susah. Susahe ora amarga ora bisa
mangan.Nanging susahe amargi putrane ingkang aran Bayu lara wis pirang-pirang dhina.
Dipriksakke menyang dhokter jebul lara sing angel ditambani. Pak Sumina saben dhina
menggalih piye carane olehe tamba, mangka dhuwit ora ana.
Aksara lan Angka Jawa

a) Aksara jawa

Ha              Na            Ca            Ra             Ka

Da              Ta               Sa         Wa              La

Pa             Dha          Ja            Ya              Nya

Ma              Ga            Ba           Tha            Nga

Aksara jawi wonten nginggil dipunwastani aksara legana utawi aksara wudha during ngagem
sandhangan utawi pasangan.

Tuladha : Padha Jaya =

Sandhangan:

     1.   1.    Swara ‘’i’’ aranipun wulu ( )
     2.   2.    Swara ‘’e’’ aranipun taling ( )
     3.   3.    Swara ‘’O’’ aranipun talingtarung (   )
     4.   4.    Swara ‘’U’’ aranipun suku ( )
     5.   5.    Swara ’’e’’ aranipun pepet ( )

Ingkang mboten pareng dipunpepet inggih punika aksara ‘’ra’’ lan ‘’la’’ amargi : ‘’ra’’ digantos
‘’pa ceret’’ : lan ‘’la’’digantos ‘’nga lelet’’ :

Tuladha :

Sapi =                        Coro =

Sate =                        Bubu =

Peso =

Sandangan panyigeg utawi paten :

     1.   1.    Layar ( ) munine ‘’r’’
     2.   2.    Wignyan ( ) munine ‘’h’’
     3.   3.    Cecak ( ) munine ‘’ng’’
     4.   4.    Pangkon ( ) inggih punika sandhangan kanggo mateni aksara jawa nanging
          naming wonten pungkasan ukara utawi tembung.

Tuladha :
Pasar =                             Gawang =

Sawah =                             Manuk =

b) Angka Jawa

1=                     6=

2=                     7=

3=                     8=

4=                     9=

5=                     0=

Tuladha :

12 =                                        2007 =

356 =                                      8945 =

     1. APRESIASI SASTRA

Kompetensi dasar : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,

naskah drama, lan geguritan

Indikator              :

     1.   Nyariosaken watak tokoh
     2.   Nindakaken tokoh
     3.   Nyariosaken malih surasaning wacan
     4.   Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan

Tuladha :

Arjuna wiwaha

Prabu Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu nglamar
Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa kalah. Gapura
kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca kandheg ing sakjabaning
gapura kahyangan.

Amarga ora bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya
sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju marang Raden
Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan widadari 7 cacahe supaya
nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari mau banjur bali menyang kahyangan
saperlu atur pelaporan.

Bathara Guru banjur tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi
memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila diweruhi
Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi celeng lan gawe
kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau ndadekake pasulayan antarane
Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen celeng mau sing mateni nganggo panahe.
Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur
nyembah. Ing kono Bathara guru paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan
Arjuna kaparingan panah Pasopati.

Budhale Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa
kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang kahyangan lan
kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.

Nyekar Jawi

      1. Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula,
         asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang
         dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.

Tuladha :

POCUNG

6        6      5      3     i       i        i    2        6          6

Ba-      pak    pu    cung la-     ir-    e       ti-      ni-        tah

5        3             i      2      6        3    2       1

bi-      su            la    mun    ri-     na    ket-     an

1        2      1      3     .      2       1      2       1           6

Pi-      nar-   su-   di           den    te-       men-          i

6        1      2      3     2      2       1      6       3           5

Mung sa-        ra-   na    pi-    nan- dang wruh ba-            sa-

2        3

Ni-      ra
Contoh Tembang Macapat

Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
   1. Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan
      sapanunggalane saged dipunpilih.

Tuladha :

TEKATE

Tekate dipanah

Dipanah ngisor gelagah

Ana manuk onde-onde

Mbok sir bombo

Mbok sir kate

Mbok si…r bombo…

Mbok si…r ka….te…



Sumber: wordpress.com/2010/03/15/materi-kelas-5-sd-bahasa-jawa/

				
DOCUMENT INFO
Shared By:
Categories:
Tags:
Stats:
views:194
posted:11/23/2011
language:
pages:10